Masa Orientasi Sekolah, Siswa Dipuntepangaken Dolanan Tradisional



MANTEB.com - Masa orientasi sekolah utawi MOS dipun gelar kangge nepangaken lingkungan sekolah dhumateng siswa enggal ngantos siswa enggal saged langkung mangertosi budaya ing sekolahipun. Satunggaling SMP ing Kitha Salatiga, salebeting MOS ing taun menika nggelar maneka dolanan tradisional. Ananging emanipun meh sedaya siswa enggal mboten ngertos dolanan tradisional kasebat.
Siswa enggal cacah kalih atus tigang dasa ndherek masa orientasi sekolah ing satunggaling smp ing Kitha Salatiga. Kangge MOS ing wekdal samangke, pehak sekolah milih tema dolanan tradisional amargi meh sedaya lare sampun mboten ngertos maneka dolanan tradisional. Kabukten racakipun pandherek MOS mboten saged nindakaken dolanan betengan saha kucing kucingan ingkang dipungelar panitia MOS. Kajawi nepangaken dolanan tradisional, siswa ugi dipun tepangaken babagan lingkungan sekolah supados langkung ngertos babagan budaya sekolahipun. MOS dipun tindakaken kanthi cara maringi piwucal babagan lumampahing tata cara mandiri saha kreativitasipun siswa. Salebeting MOS menika siswa enggal dipun dhawuhi ndamel name tag utawi papan nama, topi saking bal, tas saking plastik blanja, tali sepatu saking rafia saha bathok krambil cacah kalih. Sedayanipun dipun tindakaken kangge proses kreativitas saha kemandirianipun siswa. MOS dipun tanggepi kanthi sae dening siswa enggal kanthi suka gembira. Sedaya siswa ngaken remen kaliyan kegiatan menika. Kajawi angsal kawruh ingkang kathah ugi saged kangge nambah kanca, saha ngipuk-ipuk sesrawungan antawispun siswa enggal. Sasampunipun ndherek masa orientasi siswa, siswa dipun ajab saged nglestantunaken dolanan tradisional saha langkung tepang kaliyan sekolah saderengipun ndherek kegiatan pasinaon. (Tata Rahmanta - Salatiga)