pidato bahasa jawa "17 agustus"
00.23
2
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ  ِللهِ الَّذِيْ اَنْعَمَنَا بِالْحُرِّ يَةِ وَحْدَهُ. وَالَّذِيْ صَدَقَ و  عْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ اْلاَحْزَمَ  اْلاَحْزَابَ وَحْدَهُ. وَالصَّلاَ ةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِ نَا  مُحَمَّدٍ لاَ نَبِيَ بَعْدَهُ. وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَا بِهِ وَمَنْ  تَبِعَ رُشْدَهُ أمّا بعد.
Poro Bapak, Poro Ibu sederek-sederek, sebangsa lan setanah air, ingkang kulo hormati !
Langkung  rumien monggo kulo lan panjenengan sedoyo sakmeniko nglahiraken raos  puji syukur dateng ngarsanipun Alloh SWT, ingkang sampun paring Rohmat,  Taufik soko Hidayah dateng kulo lan panjenengan sedoyo, sehinggo wonten  ing majelis puniko, dalam rangka memeriahkan Peringatan dinten ulang  tahun Proklamasi Kemerdekaan Republik Indonesia ingkang kaping 49  mugi-mugi kerawuhipun kulo lan panjenengan meniko dipun catat dening  Alloh SWT. Minongko dados amal soleh kulo lan panjenengan Amin.
Ingkang  kaping kalih mugio tambahipun Rohmat lan salam bahagia Alloh tetep  dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW, soko  poro ahli keluarga lan sahabatipun.
Kaping  tigonipun kulo matur nuwun dateng sederek pembagi acara ingkang sampun  paring wekdal dateng kito kangge mengisi wontenipun acara meniko  mugi-mugi wekdal meniko saget kulo ginaaken ingkang sak sahe-sahenipun.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Alloh  SWT sampun paring nikmat dateng poro kawulonipun meniko sampun katah  sanget, sehinggo ngantos mboten saget kito itung. Dawuhipun Alloh wonten  Al-Qur’an
وَ اِنْ تَعُدُّوا نِغْمَةَ اللهِ لاَ تُحْصُوْ هَا
Ingkang artosipun :
“Lan lamun siro ngitung marang nikmate Alloh, mongko siro ora biso ngitung“
Poro  Rawuh ! Dene termasuk salah setunggalipun nikmatipun Alloh ingkang  ageng dipun parengaken kito bongso Indonesia, Inggih meniko nikmat  kemerdekaan ingkang dipun proklamiraken tanggal 17 Agustus 1945, ngantos  dinten meniko kito peringati.
Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
Menawi  kito ngemut-ngemut sejarah Bangsa Indonesia sakderengipun merdeka,  meniko pinten-pinten tahun dipun jajah dening bangsa Asing. Inggih  meniko dipun jajah dening Belanda lan Jepang ngantos pinten-pinten tahun  Rakyat Indonesia hidup dibawah cengkraman kaum penjajah. Rakyat  Indonesia mboten anggadahi kebebasan, bahkan selalu di tindas lan dipun  aniayaya dening bangsa asing. Sehinggo berkat sifat Rohman Rohim Alloh  SWT, lan ugi kanti semangat perjuanganipun Poro Pahlawan lan poro  Pejuang Bangsa Indonesia ingkang giat lan gigih, berani, pantang mundur,  para Pejuang kito saget ngalahaken poro kaum penjajah sehinggo tepat  tanggal 17 Agustus 1945, Bangsa Indonesia memproklamasikan dinten  Kemerdekaan Republik Indonesia.
Poro Rawuh Ingkang kulo hormati !
Pramilo  kito kedah bersyukur dateng Alloh SWT ingkang sampun pareng nikmat Rupi  kemerdekaan meniko. Supados Negri kito Indonesia tansah dipun paringi  berkah dening Alloh. Dipun paringi aman, damai, gemah ripah loh jinawi,  toto tentrem kerto raharjo, adil makmur penuh ampunan, lan Ridho Alloh. 
Kranten Alloh sampun berjanji wonten Al-Qur’an surat Ibrahim ayat 7
لَئِنْ شَكَرْ تُمْ لاَءَ زِيْدَ نَّكُمْ وَلَئِنْ كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَا بِى لَشَدِيْدٌ
Ingkang Artosipun :
“Demi  yekti lamun podo gelem syukur siro kabeh marang nikmat-Ku, mangko  Ingsun nambahi nikmat maring siro kabeh. Lan yekti lamu siro kufur  maring nikmat-Ku, mangko saktemene sikso-Ku iku banget …….”
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Kejawi  sangking meniko, kito ugi kedah matur nuwun dumateng poro pahlawan lan  poro pejuang ingkang sampun jerih payah, rela ngorbananek jiwa rogo,  harta benda kangge merebut Kemerdekaan Meniko, pramilo wonten ing  kesempatan sahe niki monggo sejenak kito panjataken doa mugi sedoyo para  pahlawan lan poro pejuang ingkang sampun sukses merebut kemrdekaan  Negeri Republik Indonesia, meniko selalu dipun bales dening Alloh, dipun  trami jasa-jasanipun, lan dipun dadosna amal sholehipun, ingkang  berjuang wonten akhirat dipun paringi berkat soho kejembaran wonten  ngersanipun Alloh SWT. Amin-amin yaa Rabbal alamin.
Poro Rawuh ingkang kulo hormat !
Sak  meniko kito termasuk generasi penerus pewaris kemerdekaan Pramilo kito  berkewajiban nerusaken perjuangan poro pejuang ingkang rumiyin. Shoho  memelihara lan melestarikan kesejahteraan Negeri Indonesia meniko.  Sampun ngantos nikmat kemerdekaan ingkang meniko kito sia-siakan kanti  ngawontenaken pesta pora, lan hura-hura ingkang boten berarti, tanpa  ngawontenaken amalan-amalan ingkang beto kemanfaatan lan kemaslahayan  Negara. Sebab kemerdekaan meniko boten semata-mata hadiah saking bangsa  asing ingkang diberikan kanti cuma-Cuma, meniko boten. Tapi berkah  jasa-jasa poro pejuang ingkang sampun rumiyin. Pramilo sepindah maleh  kito ugi kedah mengisi kemerdekaan kanti menanamkan jasa kangge  tiang-tiang ingkang bade dateng, utawi kangge generasi kita mangke. Hal  meniko cocok kalian dawuhipun Ulama rumiyin…..
لَقَدْ غَرَسُوْا فَاءَ كَلْنَا وَإِنَّنَا لَنَغْرِسُ حَتَّى يَأْ كُلَ النَّاسُ بَعْدَ نَا
Ingkang Artosipun :
“Yekti  wongkang dingin wes podo nandur jasa lan kito sing ngrasa’ake marang  jasa lan sa’temene kito ugo kudu anandur jasa supoyo wong-wong  kangsakwusi kito biso mangan jasa kito.
Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
Ingkang  terakhir monggo, putro-putri kito sedoyo, kito didik ingkang sahe lan  kito arahaken dumateng perkaws ingkang sahe, supados mangke saget dados  generasi-generasi penerus ingkang bertanggung jawab dateng kemajuan  agama. Bangsa lan Negoro AMin yaa Rabbal alamin.
Kintenipun  cekap semanten atur saking kulo. Mugi-mugi saget bermanfaat dumateng  pribadi kawulo khususipun, lan umumipun dateng panjenengan sedoyo.
Masang pulut ning duwur cemoro
Menawi luput kulo nyuwun ngapuro
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
بخط الفقير مفرو حين
بن منوّ ر الجفسى
