Siyam, Jam Pasinaon Sekolah Dipunkirangi
00.24
Sukoharjo , Sabtu 21 Juli 2012 - 11:31
Boten namung pegawai negeri sipil, jam mlebet ingkang dipun kirangi ugi dipun trapaken kangge para siswa ing kabupaten Sukoharjo. PLT Kepala Disdik, AA Bambang Haryanto nelakaken sadangunipun siyam jam pasinaon sekolah saking SD ngantos SMA dipun suda. Menawi padatan mlebet tabuh pitu enjing, samangke dados jam setengah wolu. Wondene wangsulipun sekolah ingkang padatan setengah kalih siyang tumrap SMP/MTS, SMA saha SMK ing wulan siyam namung ngantos tabuh kalih welas utawi setengah setunggal siyang. Mligi kangge dinten jemuah, saking tabuh setengah wolu ngantos tabuh sewelas siang. Sawetawis ing kawitanipun siyam, siswa ugi prei. Prei dipun wiwiti dinten jemuah tanggal kalih dasa Juli ngantos Setu, 21 Juli. Magepokan kaliyan bab kasebat, pehakipun ngajab boten wonten siswa ingkang mbolos sekolah amargi siyam. Piyambakipun mrayogakaken supados tiyang sepuhipun siswa ndherek ngawat-awati putranipun. Anton nelakaken, pranatan kasebat adhedhasar serat edaran saking Kementerian Pendidikan Pusat saha sampun dipun sarujuki Bupati Sukoharjo. (Arif Nuryanto - Sukoharjo)